Sunday, September 12, 2021

Download Khutbah Jum’at Ghibah, Penyakit Masyarakat Ingkang Kedah Dipun Tebihi

Khutbah Jum’at

Ghibah, Penyakit Masyarakat Ingkang Kedah Dipun Tebihi

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Ngawali khutbah ing siang ingkang bekah meniko, kulo wasiat dateng pribadi kulo kiamnbak umumipun dateng panjenengan sedoyo, monggo tansah usaha ningkataken ketakwan kito dateng ngersanipun Allah subhanahu wata’ala kabti nindaaken sedoyo kewajiban lan nebihi sedoyo awisanipun, mugi kanti meniko pikantuk ridlonipun Allo ta’ala. Aamiin.

Kaum Muslimin jama’ah shalat Jum’at rahimakumullah, Ghibah (ngerasani awone utowo kekurangane tiang lintu) meniko salah setunggal maksiat ingkang dipun haramaken deneng Alloh lan penyakit berbahaya ingkang saget ngerusak kerukunan, persatuan lan ketentreman masyarakat. Akhir-akhir niki, ghibah sering sanget dipun lampahi. Menawi rien ghibah meniko namung dipun lampahi deneng kempalipun tiang wonten panggenan-panggenan tertentu kemawon, nanging saat meniko seiring perkembanganipun media sosial, ghibah sering dipun lampahi. Ing mongko ghibah online melalui media sosial meniko sami dosanipun kalian ghibah offline. Milo saking meniko, wonten kesempatan meniko kulo ngemutaken dateng kito sedoyo terkait bahaya dusonipun ghibah. Taseh katah sederek-sederek kito ingkang mboten sadar terjerumus dateng ngelampahi ghibah. Nopo toh ingkang dipun maksud kalian ghibah?. Dipun riwayataken saking Abu Hurairah bileh Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam dawuh: “Opotoh siro ngerti opo iku ghibah?” poro sahabat jawab: Alloh lan Rosulipun ingkang langkung mangertosi. Lajeng Rosululloh dawuh: “Ghibah yoiku olehe nuturake siro marang sedulurmu (muslim) kelawan perkoro seng ora disenengi.” Kanjeng Nabi dipun tankleti: “Ya Rosululloh, lajeng kados pundi menawi sederek kulo meniko sesuai kalian ingkang kulo ucapaken?”. Nabi njawab: “menowo seng siro omongne iku memang terjadi, mongko siro iku ghibah marang sedulurmu, lan menowo iku ora terjadi mongko siro temen-temen buhtan (gawe goroh) marang sedulurmu.” (HR Muslim)

Buhtan meniko langkung ageng dusone daripada ghibah, keranten buhtan meniko wonten unsur kegorohan. Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah, Ngomongaken awone tiyang lintu menurut ayat ingkang sampun dipun waos wonten nginggil meniko dipun padaaken kelian mangan daginge sederek sami muslime ingkang punninggal. Tumrap sinten mawon, ingkang kados meniko sanget gilani. Semanten ugi kalian

ghibah, mestinipun kito ugi sanget nebihi keranten gilani utawi njijiki.

Dados ghibah meniko ngomongaken sederek muslim ingkang tase sugeng utawi pon

sedo, alit utawi dewasa, tentang keawonan ingkang wonten piambake, ingkang mboten

dipun remeni menawi piambake mirengaken.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Nopotoh ghibah meniko kegolong duso alit utawi ageng? Hukumipun dipun rinci,

menawi ghibah dateng tiyang sholih mongko kagolong duso ageng. Menawi ghibah dateng

lintunipun tiyang sholih mongko mboten dipun wasgtani duso ageng secara mutlak.

Menawi tiyang muslim ingkang fasik ingkang dipun ghibahi secara berlebihan, mongko

mlebet dateng duso ageng. Kanti makna meniko kito fahami hadits riwayat Abu Dawud

saking Sa’id bin Zaid bileh Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam dawuh:

“Saktemene termasuk duso seng serupo karo riba seng paling nemen yoiku wong seng

leluwihan ngrusak kehormatane sedulur muslim tanpo hak.” (HR Abu Dawud)

Wonten hadits Isra’ lan Mi’raj, Rasulullah shallallahu ‘alaihi wasallam nyeritaaken:

“Naliko aku Mi’raj, aku ngelewati golongane wong seng kukune saking tembogo lajeng

nyakar-nyakar wajah lan dodone. Terus aku tangklet: sinten niku Ya Jibril? Jibril njawab:

meniko tiyang-tiyang ingkang ngerasani awone tyang lintu lan ngrendahne kehormatane

tiyang lintu.” (HR Abu Dawud)

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Kados dene dipun haromaken ngucapaken ghibah, harom ugi mirengaken. Allah

ta’ala nalikane nyebutaken sifatipun tiyang ingkang terpuji, dawuh:

“Lan nalikane deweke kungu omongan elek, deweke nyingkreh lan ngucap “tumrapku amalamalku, lan tumrap siro amal-amal siro, mugo mugo siro diparingi keslametan, aku ora

kepengen kekancan karo wong wong kang bodo.” (QS al Qashash: 55)

Allah ugi dawuh:

“... lan nalikane deweke ketemu kelawan (wong-wong) seng ngelakoni penggawean seng ora

berfaedah, mongko deweke ora meduliaken kelawan jogo kehormatane.” (QS al Furqan: 72)

Kanjeng Nabi shallallahu ‘alaihi wasallam dawuh:

“sopo wonge mbelo kehormatan lan harga dirine sedulure, mongko Allah bakal nyelametaken

wajahe saking geni neroko ing dino kiamat” (HR at-Tirmidzi)

Milo saking meniko, mboten pareng mirengaken ghibah kanti sengojo. Tiyang

ingkang mirengaken ghibah wajib nyegah lan ngemutaken kelawan kekuasaan lan

kekuatanipun menawi mampu, menawi mboten mampu, mongk kelawan lisanipun,

menawi mboten mampu mongko kelawan manahipun. Inggih meniko ingkar wonten

manah dateng perkawes harom kolowau. Lajeng piambake ninggalaken panggenan ghibah

kolowau, kanti meniko piambake selamet saking duso.

Ma’asyiral Muslimin rahimakumullah,

Mugi ingkang kulo aturaken meniko wonten manfaatiun, kito dipun selametaken

saking perkawes perkawes ingkang dipun haromaken Alloh, hinggo kito angsal ridlonipun.

Aamin. 

Oleh: Ustadz Nur Rohmad, Tim Aswaja NU Center PWNU Jawa Timur dan Ketua Bidang Peribadatan & Hukum, DMI Kab. Mojokerto

DOWNLOAD DISINI


EmoticonEmoticon